27.7.11

sebuah potret kemiskinan

mumipun, kamlaratan punika kawontenan tiyang ingkang nyandhang gesang mlarat lan mboten anggadahi bandha utawi arta lan griya. Kanthi ukara sanèsipun, kamlaratan utawi tiyang mboten gadhah punika sebatan kagem tiyang utawi sakempalan tiyang ingkang kekirangan prakawis kagesangan ingkang samurwat. Gesang kecingkrangan (tansah kekirangan) dipun tingali saking prakawis material, inggih punika dhaharan, toya ingkang resik, lan papan padunungan. Kajawi punika, saged ugi katingal saking sumber sosial kadosta aksès informasi, wulang wuruk, kasarasan (kaséhatan), status sosial, lan kakiyatan pulitik.






    









Kamlaratan kathah dipunhubungaken kaliyan:
  • panyebab individual, utawi patologis, ingkang mirsani kamlaratan minangka akibatsaking perilaku, pilihan, utawi kemampuan saking tiyang mlarat;
  • panyebab kulawargi, ingkang ngubungaken kamlaratan kaliyan pendidikan kulawargi;
  • panyebab sub-budaya (subcultural), ingkang ngubungaken kamlaratan kaliyan kagesangan sadinten-dinten, dipunsinaoni utawi dipunlampahi ing salebeting lingkungan saubengipun;
  • panyebab agènsi, ingkang mirsani kamlaratan minangka akibat saking aksi tiyang sanès, kalebet perang, pamaréntah, lan ékonomi;
  • panyebab struktural, ingkang maringi alesan manawi kamlaratan arupi asil saking struktur sosial.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar